Ayosuroboyo | Saperangan buruh reresik ing kutha Suroboyo Jawa Timur, ngakoni yen bayarane saben ulan wis dipotong. Piyambak e wong- wong sing dadi petugas kebersihan ora wani protes amarga dikon mandheg yen ora gelem nrimo bayaran sing ditompo.
Ruas jalan kembar Adityawarman dan Mayjend Sungkono Surabaya ( Bumiarjo) |
Kepala Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kota Surabaya, Dedik Irianto, mbantah yen bayarane poro petugas kebersihan kuwi dipotong.
Salahsijine koyo sing dialami BS (51), tukang sapu dalan ing tlatah Taman Mayangkara, ngakoni yen dheweke ora diomongi alasane bayarane di sunat.
Jarene, yen gelem nyambut gawe, bayarane yo iki, yen ora gelem yo metuo, "Dadi ora diwenehi alesan sing jelas," ujare BS nalika ditemoni pas nyapu dalan dino, Kamis (30/1/2025).
BS njlentrehake, wiwitane bayarane dewek e tukang resik ing Surabaya dicocogake karo UMR Suroboyo wektu iku, yaiku Rp 4,3 yuta, banjur disuda dadi Rp 3,7 yuta, saben wulan nganti saiki.
BS yo ngomong yen oraono petugas resik-resik dalan kui sing wani protes utawa takon apa sebabe bayarane tiap ulan dipotong. “kabeh wedi yen vokal banget ora duwe dekengan pusat iso dipecat. Wong mecat koyo awake dhewe iki opo angel e ? Sauntara kuwi, aku isih duwe tanggungan anak, omah isih nyewa lan liya-liyane.," jare, Bs.
Sauntara kuwi, A (37), tukang sapu dalan ing tlatah Taman Apsari yo podo ngrasakno. A ngomong yen awak e jam kerjone tetep padha sanajan gajine dipotong. “Jare A, jam kerja padha wae, mung diparingi libur rong dina sewulan. Tanggal abang isih budal kerjo sanajan masio saiki dheweke yo sik isok entuk sangu preian (THR).
Biyen, upamane UMR (Surabaya) mundhak, bayarane yo melu mundhak,” jare FH (40), petugas kebersihan ing wilayah Kebon Binatang Surabaya. Jare FH, "Wong kelas ngisor ngene iki ora ngerti alasane bayaran dipotong pokoke dilakoni ae alasane ora diwenehi.
Selanjute, Kepala Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kota Surabaya, Dedik Irianto, mbantah yen bayarane tukang resik wis dipotong.
“Ora, ora mungkin gajine tukang resik-resik dikurangi, ya ora mentolo, ora duwe ati,” ujare Dedik liwat telpon nalika dijaluk panjelasan dikutip kompas babagan pemotongan gaji bayarane tukang resik-resik dalan. (bumiarjo1).